• Breaking News

    Monday, May 2, 2016

    Beda Miskin dan Kaya Menurut Filsafat Jawa


    ANTARANE SUGIH KARO MISKIN : Beda blegere, padha rasane.
    Ana unen-unen “wong urip iku wang sinawang”; wong miskin nyawang wong sugih kepenak uripe, kosok baline wong sugih nyawang wong miskin ayem uripe. Apa ta bedane wong sing duwe dhuwit uakeh karo wong sing ora gablek dhuwit? Bedane mung ana ing blegere (ketoke), panggonan utawa penganggone; dene rasane “jas bukak iket blangkon, sama juga sami mawon”. Coba ayo dideleng siji siji.

    translate "Ada pribahasa "hidup itu hanya keliatannya saja" Orang miskin melihat orang kaya hidupnya enak. Kebalikannya dengan orang kaya, orang miskin tentram hidupnya. apa ya bedanya orang yang punya uang banyak sama orang yang tidak punya uang? Bedanya hanya ada satu yaitu keliatannya, tempat, rasa" jas dibuka pengikat blnagkon (topi jawa). Coba di ingat satu per satu.

    • Wong sing duwe dhuwit akeh, nek lelungan numpak montor mabur, mobil mewah sing ana musik stereo lan tivi bisa milih chanel. Wong ora gablek dhuwit trima numpak angkot suk-sukan, kebak keluk rokok, disetel ndagdut ceprek tur banter. Nek rada nduwe dhuwit ya numpak sepeda montor sing nek distater muni “dhit dhit” alias kreditan.
    Nanging padha wae sugih miskin tekan panggonan sing dituju, saupama nandhang kacilakan ya padha resiko lan larane.

    • Wong sugih bingung, arep mangan apa ana ngendi. Sarapan na Jakarta, makan siang Singapura makan malam na Tokyo, sing dipangan hamburger, stake ala francoi, sukiyaki. Wong dhuwit pas-pasan mangan lesehan na kaki lima, sing dipangan sego kucing lawuhe sate keong karo mendhoan.
    Nanging kabeh padha rasane, mangan uyah padha asine nggeget lombok padha pedhese. Bedane nalika dimamah ana cangkem, nek wis liwat tenggorokan ra ana bedane, tekan weteng padha digiling, tekan mburi padha wujud ***ne.

    • Wong sugih yen lara ana ing dirawat super VIP, dokter spesialis ahli, kamar AC bisa jungkir walik, ora sah mikir bisa mbayar tagihan sebab wis dibayar kantor utawa perusahaane. Lha nek kere, dirawat na klinik sak anane, antrine jam 7 tekan jam 12 awan, dokter umum. Nek nginep suk-sukan sak kamar pasien 6, antri kamar bisa setahun. Sing mbayari BPJS, olehe ngurusi ribet.
    Nanging wong sugih wong miskin iku nek lara ya padha. Lara untu ya cekot-cekot, nek tangane diiris ya padha metu getihe. Nek ora mari ya pada tinimbalan Gusti Allah.

    Translate "Orang kaya kalau sakit dirawat di super VIP, memakai dokter spesialis, kamar AC bisa jungkir balik tidak usah berpikir untuk membayar tagihan sebab sudah dibayar oleh kantor atau perusahaannya. la kalau orang miskin diraawat di klinik seadanya, antrine jam 7 sampai jam 12 awan, menggunakan dokter umum Dan kalau menginap berdesak-desakan sekamar 6 orang, antri kamar bisa setahun (heheh bercanda). sing mbayar BPJS. ngurusnya ribet. tapi orang kaya dan miskin kalau sakit sama saja.  Sakit Gigi ya cekot-cekot, kalau tangannya di iris ya sama keluar darahnya. kalau tidak sembuh ya sama di panggil Oleh Gusti Allah SWT. heheh

    • Nuwun sewu iki aja dianggep saru utawa porno.
    Wong sugih nek kumpul karo bojone ana kamar AC sing ambune wangi, ranjange mentul-mentul diring musik romantis, menggairahkan. Wong ora duwe nek kumpul karo bojone nggelar klasa ana njogan, keganggu anake nglilir.
    Nanging carane “saresmi” padha, orgasme utawa ejakulasine wong sugih karo wong miskin padha nikmate.
    Wis cetha ya, Gusti Allah iku adil marang kawulane. Mula ayo padha ngibadah kanthi bener lan becik, ikhlas nglakoni urip na ngalam ndonya iki.

    sumber Facebook a.n mbah koeng 

    No comments:

    Post a Comment

    Dapodikdas

    Dapodikmen

    Kemenpan