• Breaking News

    Monday, April 25, 2016

    Filsafat Ronggowarsito Part 1


    Bahasa Jawa / Boso Jowo

    Rejeki iku ora iså
    ditiru..
    Senajan pådå lakumu
    Senajan pådå dodolan mu,
    Senajan pådå nyambut gawemu.
    Kasil sing ditåmpå bakal bedå2....
    IsÃ¥ bedÃ¥ nèng akèhé bÃ¥ndhÃ¥, IsÃ¥ ugÃ¥ Ã¥nÃ¥ nèng RÃ¥sÃ¥ lan Ayemé ati,  YÃ¥aa iku sing jenengé bahagia....
    Kabèh iku såkå tresnané Gusti kang måhå kuwåså.....
    Såpå temen bakal tinemu,
    Såpå wani rekåså bakal nggayuh mulyå.
    Dudu akèhé, nanging berkahé kang dadèkaké cukup lan nyukupi....
    Wis ginaris nèng takdiré menungså yèn åpå sing urip kuwi wis disangoni såkå sing kuwåså.
    Dalan urip lan pangané wis cemepak cedhak kåyå angin sing disedhot bendinané....


    Nanging kadhang menungså sulap måtå lan peteng atiné, sing adoh såkå awaké katon padhang cemlorot ngawé-awé,
    Nanging sing cedhak nèng ngarepé lan dadi tanggung jawabé disiå-siå kåyå orå duwé gunå.

    Rejeki iku wis cemepak såkå Gusti, ora bakal kurang anané kanggo nyukupi butuhé menungså såkå lair tekané pati....

    Nanging yèn kanggo nuruti karep menungså sing ora ånå watesé, rasané kabèh cupet, nèng pikiran ruwet, lan atiné marahi bundhet.

    Welingé wong tuwå, åpå sing ånå dilakoni lan åpå sing durung ånå åjå diarep-arep, semèlèhké atimu, yèn wis dadi duwèkmu bakal tinemu, yèn ora jatahmu, åpå maneh kok ngrebut såkå wong liyå nganggo cårå sing ålå, yå waé, iku bakal gawé uripmu lårå, rekåså lan angkårå murkå sak jeroning kaluwargå, kabeh iku bakal sirnå balik dadi sakmestiné.

    Yèn umpåmå ayem iku mung biså dituku karo akèhé båndhå dahnå rekasané dadi wong sing ora duwé.

    Untungé ayem isà diduwèni sÃ¥pÃ¥ waé sing gelem ngleremké atiné ing bab kadonyan, seneng tetulung marang liyan, lan pasrahké uripé marang GUSTI KANG MURBENG DUMADI…


    Translate Next

    No comments:

    Post a Comment

    Dapodikdas

    Dapodikmen

    Kemenpan