• Breaking News

    Monday, April 18, 2016

    Wong Edan = Orang Gila, Adalah Orang "Mulia"


    WONG EDAN:
    golongane wong kang mulya ing ngersane Gusti Allah.
    Yen panjenengan pirsa wong edan sing kleleran ana ndalan, terus mikir geneya dheweke ora nate lara? Kamangka ora tau adus, mangan ngombe sembarangan, ora nganggo sandhangan wutuh lan kemproh, nanging tetep sehat. Wangsulane gampang: sebab dheweke ora nate stress, ora duwe beban pikiran, ora perduli kiwa tengene, uripe tansah tenang lan ayem. Wong edan beda karo wong waras, ora nate ngarani pengin mangan apa, yen lagi luwe ketemu apa wae diemplok, entuk roti basi ana tong sampah ya dipangan sing penting wetenge isi terus mlaku-mlaku maneh. Yen wong waras mesthi milih dhahar lan ngunjuk sing enak nikmat tur bergizi.

    Ana istilah “psychosomatis” = ana wong lara, kamangka secara fisik ora ana organ tubuh sing lara, iki amarga psikis (jiwane) lagi lara. Luar biasa, merga nandhang stress wong edan dadi lan warase. Kasunyatan, wong edan ora nate nyebut kurang, tansah nampa tanpa nggrundel karo peparinge Gusti Allah, ora nate njaluk apa-apa. Nalika nandhang lara, ora dirasakke lan tetep nindakake pagawean kaya biasane. Apike maneh, wong edan iku ora nate ngganggu utawa gawe rugine wong liya.

    Beda banget karo wong waras sing tansah kekurangan, wis duwe bayaran akeh isih korupsi, wis duwe omah lan lemah isih pengin tuku maneh kandhane kanggo investasi, wis duwe mobil pengin mobil mewah, wis duwe bojo ayu tur gemati isih selingkuh dsb. Rasa sarwa kekurangan iki ndadekake wong waras kakehan pikiran, pengin cepet-cepet kaleksanan apa sing digayuh. Nek ora kaleksanan dadi stress. Ana crita, gara-gara nyalon bupati wis entek dhuwit milayan rupiah, ndelalah kalah ora dadi, stress malah ndleming turut ndalan alias edan, walaah ....

    Wong edan, sing disepelake lan disia-sia dening wong waras iku klebu golongane wong sing mulya ing ngersane Gusti Allah, dheweke ora duwe kewajiban nindakake syari’at agama (sholat, pasa dll), ora kanggonan dosa selagine durung waras. Wong mati ndalem keadaan edan iku ora dihisab, ora ditimbang ganjaran lan dosane ing akherat mengko. Apa panjenengan gelem dadi golongane wong mulya nanging nandang kaya ngono?

    Wis... wis, sing waras ngalah. Mula wiwit saiki ayo padha syukur, gelem weweneh lan nenampa kanthi ikhlas. Ana piweling, dadia wong sing bisa “sumarah”, tansah nyenyuwun lan ikhlas nampa peparinge Gusti Allah.
    Nuwun.

    Tranlate Indonesia
    Orang GILA
    Termasuk golongan yang mulia bagi Allah SWT
    Jika para pembaca melihat orang gila yang tidak terurus di jalanan, kemudiaan kita berpikir kenapa mereka tidak pernah sakit, padahal tidak pernah mandi, makan minum sembarangan, tidak memakai pakaian lengkap dan kotor, tetapi tetap sehat. Jawaban nya sangat mudah : karena dia tidak pernah stress, tidak punya beban pikiran, tidak perduli tetangganya, hidupnya senantiasa tenang dan merasa cukup. orang gila berbeda dengan orang normal, tidak pernah tidak pernah menginginkan makan apa, ketika mau makan apa saja di makan, dapat roti basi di tempat sampah ya makan yang terpenting perut nya terisi kemudian melanjutkan perjalanan lagi. kalau orang normal pasti memilih makan dan minum yang enak nikmat dan bergizi.

    ada istilah "Psychosomatis"= ada orang yang sakit, padahal secara fisik tidak ada bagian tubuh yang sakit. ini diakibatkan (jiwa) nya yang sakit. Memang luar biasa, karena terkena stress orang gila dan normal. kenyataannya, orang gila tidak pernah menyebut kurang. selalu menerima tanpa menyimpan kekesalan apa yang sudah diberikan kepada Allh SWT , tidak pernah minta apapun. Ketika terkena sakit, ora dirasake dan tetap melaksanakan pekerjaan seperti biasane. Dan baiknya lagi. Orang gila itu tidak pernah menggangu atau membuat ruginya orang lain.

    Berbeda jauh dengan orang normal sehat tapi masih merasa kurang, sudah mendapat Gaji banyak masik melakukan korupsi, sudah punya rumah dan tanah masih ingin beli lagi katanya buat investasi, sudah punya mobil masih ingin punya mobil mewah, sudah punya istri cantik dan perhatian masih selingkuh, dsb. rasa serba kukurangan ini menyebabkan orang normal kebanyakan pikiran, ingin cepat-cepat terlaksana apa yang inginkan. 

    kalau tidak terlaksana jadi stress. ada cerita, gara-gara nyalon bupati sudah menghabiskan uang milyaran rupiah, kalah tidak jadi, stress jadinya malah jalan tidak karuan di jalan alias GILA. walah... orang GILA, tidak dianggap dan disia-siakan oleh orang normal/ sehat itu termasuk golongan orang yang mulia di sisi Allah SWT. Dia tidak punya kewajiban melaksanakan Syariat Islam (Sholat, Puasa Dll), tidak mempunyai Dosa sebelum normal/ sehat. Orang yang meninggal dalam keadaan Gila itu tidak dihisap. tidak ditimbang amalan baik dan dosa di akhirat nanti. apa para pembaca menginginkan jadi golongan orang mulia tapi seperti itu (GILA)? 
    sudah.... Jadi mulai sekarang jadilah orang yang syukur, bersedekah dan menerima pemberian Allah SWT dengan ikhlas.
    Ana piweling, dadia wong sing bisa “sumarah”, tansah nyenyuwun lan ikhlas nampa peparinge Gusti Allah.

    Super sekali, ingat ini adalah tulisan, silahkan para pembaca merenungkan dan mengambil yang positif dari tulisan ini, menurut saya, jadilah orang yang bermanfaat bagi orang lain. Ditambah lagi yang bisa mengorangkan seseorang.

    No comments:

    Post a Comment

    Dapodikdas

    Dapodikmen

    Kemenpan